Pitutur Jowo Kanggo Para Manungso

https://kabar22.blogspot.com/2015/06/pitutur-jowo-kanggo-para-manungso.html
Dunyo iki wis tuwo, Lur.... wis tuwo tur
kebak asusilo, kapracondang asor tankiniro
Contone :
Akeh putro wani karo wong tuwo
Akeh joko dadi dudo
Akeh dudo ngaku joko
Akeh wadon ilang prawane sakmongso-mongso
Dirudal wong lanang njur ditinggal lungo
Akeh prawan nglairke putro tanpo bopo
Akeh omah ibadah ra tau disobo
Sing disobo malah omahe germo
Diajak ibadah mesti semoyo, jare sambat boyoke loro
Elingo yen sak wayah-wayah dipundut sing Kuwoso,
Ora enom ora tuwo
Malaikat podo ngincer sing leno
Mulo jo lali ngibadah marang Gusti kang nyipto bawono
Yen mati ben mlebu suwargo
Yen mlebu suwargo ojo lali Hp-ne digowo,
ben iso ngabari lan BBM-an karo
konco-konco
Yen mlebu neroko Hp-ne ra usah
digowo, amargo sinyale ra ono.
Pitutur jowo asli iki ojo dilalekno
Urip iku mung sadelo.
Mulo konco, tulung pitutur iki
disebarno marang dulur-dulur sadoyo
Sing meneng berarti rumongso
Sing mesem lan ngguyu berarti kulino
Sing manyun berarti ra ngerti boso jowo
Yo wis kono rasaknoo puyenge maroto
Hehehe..... Ojo suloyo yoo.... mundhak uripe sangsoroo...

[ mrheal / bbcom ]